Jumat, 20 Februari 2015

Lirik Lagu Ling Eling

ling eling sira menungsa
temenana anggonmu ngaji
mumpung durung den rawuhi
malaikat juru pati

la ilaha illallah al malikul haqul mubin
muhammadur rasulullah
shodiqul wa'dil hadi

luwih lara luwih susah.
rasane wong neng neroko
klabang quresy kolojengking
klabang geni ula geni
rante geni goto geni
cawisane wongkang duroko
gumampang dawuh pengeran
dasar kang manut perintah tuan


luwih mulya luwi mukti rasane wong nang suwarga
pitong puloh widodari
kasur babut den cawisi
cawisane wongkang berkti
dawuh pengeran kang moho suci.

mukmin lanang mukmin wadon
mukmin iku sederek kulo.

agami islam agami kulo
kitab qur'an panutan kulo


allahuma sholli ala
muhammad syafi'il anam
wa alihi washohbihi
wa salim ala tawab

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Comments
Comments
بِسْــــــــــــــــمِ اﷲِالرَّحْمَنِ اارَّحِيم